Kamis, 27 November 2014

b.jawa soal 50

b.jawa soal 50



1.        Titikane aksara rekan, yaiku….
a.        Dijupuk saka aksara latin
b.       Dijupuk saka aksara arab
c.        Dijupuk saka dewanagari
d.       Dijupuk saka aksara jawan lan diwenehi cecak telu
2.        Aksara kang direka-reka kanggo nulis basa manca ing tulisan jawa diarani….
a.        Aksara murda
b.       Aksara rekan
c.        Aksara swara
d.       Aksara dewanagari
3.        8, 8, 8, 8, 8, 8 iku guru wilangane tembang….
a.        Kinanthi
b.       Pangkur
c.        Megatruh
d.       Maskumambang
4.        Guru lagune tembang gambuh yaiku….
a.        u, i, u, i, o
b.       u, u, i, u, o
c.        i, a, i, a
d.       u, a, i, a
5.        panulise aksara jawa diapit….
a.        Pada lingsa
b.       Pada adeg-adeg
c.        Pada lungsi
d.       Pada pangkat
6.        Geguritan diarani puisi bebas sebab….
a.        Bebas anggone njupuk tema
b.       Ora kaiket paugeran
c.        Sapa wae bisa ngarang
d.       Bebas nggunakake basa apa wae
7.        Jinise pada kayata….
a.        Pada adeg-adeg
b.       Pada pangkat
c.        Pada lingsa
d.       Kabeh jawaban bener
8.        Kanggo gantine tanda koma (,) ing tulisan jawa nggunakake….
a.        Pada lingsa
b.       Pada adeg-adeg
c.        Pada lungsi
d.       Pada pangkat
9.        Kanggo gantine tanda titik (.) ing tulisan jawa nggunakake….
a.        Pada lingsa
b.       Pada adeg-adeg
c.        Pada lungsi
d.       Pada pangkat
10.   Ing ngisor iki klebu gunanen pada pangkat, kejaba….
a.        Ngapit angka jawa
b.       Gantine tanda koma loro
c.        Gantine pangkon
d.       Gantine ukara langsung
11.   Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan diarani….
a.        Bebasan
b.       Isbat
c.        Paribasan
d.       Saloka
12.   Pak suryadi kuwi kaya…., katone prasaja nanging pinter banget.
a.        Kebo kabotan sungu
b.       Bathok bolu isi madu
c.        Idi didilat maneh
d.       Legan golek momongan
13.   Budhala esuk aku ora bakal keri. Budhala tegese….
a.        Muga-muga budhal
b.       Akon budhal
c.        Senajan budhal
d.       Umpama budhal
14.   Diaku sedulur merga sugih, bebasane….
a.        Kadang konang
b.       Ana catur mungkur
c.        Keplok ora tombok
d.       Tulung mentung
15.   Nututi layangan pedhot. Kalebu….
a.        Bebasan
b.       Isbat
c.        Paribasan
d.       Saloka
16.   Adusa yen playon terus bakal kringeten. Ukara kasebut kalebu ukara….
a.        Pakon
b.       Sambawa
c.        Pitakon
d.       Sananta
17.   Basa ngoko sing ora kacampuran tembung-tembung karma inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa….
a.        Ngoko lugu
b.       Ngoko alus
c.        Karma lugu
d.       Karma alus
18.   Basa ngoko lugu prayogane digunakake tumrap kaya kang kasebut ing ngisor iki, kejaba….
a.        Marang wong sing sadrajat
b.       Marang wong sing wis kulina
c.        Marang wong sing luwih enom
d.       Marang wong sing luwih tuwa
19.   Bu guru ….aku supayasregep sinau.
a.        Ngongkon
b.       Diutus
c.        Ngengken
d.       ndhawuhi
20.   Tembang gedhe uga diarani tembang….
a.        Dolanan
b.       Kawi
c.        Macapat
d.       Dhagelan
21.   Aksara murda iku cacahe ana….
a.        4
b.       5
c.        6
d.       7
22.   Paugerane nulis aksara murda yaiku….
a.        Satembung mung sak aksara
b.       Aksara murda kudu manggon ing wiwitane tembung
c.        Kabeh aksara ditulis murda
d.       Kabeh jawaban bener
23.   Bu indra nulis karangan ing perpustakaan. Yen diowahi dadi basa karma dadi….
a.        Bu indra nyerat karangan ing perpustakaan
b.       Bu indra nulis karangan datheng perpustakan
c.        Bu indra nyerat karangan wonten perpustakaan
d.       Bu indra nganggit karangan wonten perpustakaan
24.   Aksara murda kanggo nulis….
a.        Tembung manca
b.       Jeneng manca
c.        Jeneng kanggo pakurmatan
d.       Kabeh jawaban salah
25.   Cacahe wanda saben sak gatra (larik) diarani….
a.        Guru gatra
b.       Guru lagu
c.        Guru wilangan
d.       Saka guru
26.   Yen arep pidhato amroh lancer kudu….
a.        Gawe naskah pidhato
b.       Ngerteni sapa sing bakal ngrungokake
c.        Maca buku sing akeh
d.       Ngapalake naskah
27.   Perangane pidhatokudu nyangkup kaya sing kasebut ing ngisor iki, kejaba….
a.        Pambuka
b.       Dudutan
c.        Isi
d.       Donga
28.   Yen lagi pidhato becike kudu….
a.        Nggatekake intonasi
b.       Nggatekake ekspresi
c.        Ora kesusu
d.       Kabeh jawaban bener
29.   Aksara swara cacahe ana….
a.        4
b.       5
c.        6
d.       7
30.   Dasanama yen ing basa Indonesia kasebut….
a.        Homonym
b.       Sinonim
c.        Homofon
d.       Homogram
31.   Anik metu saka kelas katon suntrut jalaran biki rapote ala. Dasanamane tembung suntrut yaiku….
a.        Seneng
b.       Susah
c.        Sumringah
d.       Bungah
32.    Dasamane tembung omah kaya kang kasebut ing ngisor iki, kejaba….
a.        Wisma
b.       Pawiyatan
c.        Graha
d.       Bale
33.   Gunane aksara swara yaiku kanggo….
a.        Nulis asma
b.       Pakurmatan
c.        Nulis tembung manca kang kacethakake
d.       Kabeh jawaban salah
34.   Jam 9 wis padha turu. Dasanamane tembang turu, yaiku….
a.        Nendra
b.       Sayah
c.        Arip
d.       Ngaso
35.   Dasanama nduweni teges….
a.        Duwe teges sepuluh
b.       Tegese kabehe sepuluh
c.        Duwe teges padha
d.       Duwe teges akeh
36.   Yen ing sangarepe aksara swara ana aksara sigeg, mula aksara mau kudu….
a.        Dadi pasangan
b.       Dipangku
c.        Digandheng
d.       Ditumpuk
37.   Cekap semanten atur kula, mugi-mugi ingkang kula aturaken wonten gina manfaatipun. Iki perange pidhato sing diarani….
a.        Pambuka
b.       Panutup
c.        Surasa
d.       Pengarep-arep
38.   Sarkara, hartati iku sasmitane tembang….
a.        Asmaradana
b.       Dhandhanggula
c.        Kinanthi
d.       Megatruh
39.   Aksara jawa sing ana murdane, yaiku….
a.        Na, ka, ta, sa, pa, nya, ga, ba
b.       Na, ma, ja, ya, ba, tha, dha
c.        Na, ka, ta, sa, wa, ba, ga
d.       Na, ka, pa, la, ra, ba, sa
40.   Wong kang padha ngenggar-ngenggar ati ing papan wisata diarani….
a.        Wisatawan
b.       Transmigran
c.        Imigran
d.       Emigrant
41.   12u, 6a, 8i, 8a iku paugarane tembang….
a.        Pucung
b.       Maskumambang
c.        Megatruh
d.       Gambuh
42.   Crita rakyat kaperang dadi telu kaya kang kasebut ing ngisor iki, kejaba….
a.        Mite
b.       Crita cekak
c.        Legenda
d.       Dongeng
43.   Tembang kang watake sedhih lan kentekan pengarep-arep, yaiku tembang….
a.        Gambuh
b.       Pangkur
c.        Megatruh
d.       Maskumambang
44.   Crita kang isi bab asal-usule panggonan, diarani….
a.        Mite
b.       Dongeng
c.        Legenda
d.       Cerbung
45.   Wisatawan khususe saka manca bisa nekakake….
a.        Devisa
b.       Bea
c.        Laba
d.       Kabeh jawaban salah
46.   Tibaning swara saben sakpada diarani….
a.        Guru lagu
b.       Guru wilangan
c.        Guru gatra
d.       Saka guru
47.   Perangane laying kang nyebutake marang sapa laying ditujokake, diarani….
a.        Wasana basa
b.       Purwaka basa
c.        Adangiyah
d.       Surasa basa
48.   Ati tentrem urip dadi ayem. Tembung ati dasanamane….
a.        Driya
b.       Jantung
c.        Rempela
d.       Kabeh jawaban salah
49.   Wisatawan kang asal saka sajroning Negara diarani….
a.        Wisatawan manca
b.       Wisatawan ora tetep
c.        Wisatawan domestic
d.       Wisatawan logistik
50.   Srinata, logondhang iku sasmitane tembang….
a.        Kinanthi
b.       Asmarandana
c.        Gambuh
d.       Sinom

Tidak ada komentar:

Posting Komentar